LOMBA BAHASA JAWA TAHUN 2021

A. GEGURITAN

disampaikan oleh : CHRISAJUNEVA ARIANI

Piweling

(Sri Sulasmi)

 

Bumi iki duwekmu

Warisan pusaka saka leluhurmu

Geneya kowe mung kamitenggengen

Kesengsem marang kaendahan wae

Garapen enggal garapen

Lan rumaten

Ing kono bakal tinemu

Memaniking inten lan kencana rukmi

 

Gong ganjur nyuwara jumlegur

Gentha gumlothang ngumandhang ing tawang

Aweh tengara cetha ngegla

 

Awit kuwi wus kersane kang mbabar kelir

Kabeh kudu, kudu sirna gempang

Sakabehing pepalang kakendhang banjir bandhang

Lan gegamaning trah kusuma satriya

Bakal dadi uger ugering trah gumelar

B. SESORAH

VINO AUDION PERMANA PUTRA

C. MACAPAT